Minggu, 26 Juli 2009

Sabtu, 04 Juli 2009

Gegeritan Banyumas

Wanto Tirta SMA/ Sederajat
KASMARAN
Panas nggemplang
Atine nggrungsang ora pengin mangan
Merem ora turu
Melek ora ogleg
Ditakoni ora krungu
Mesem ngguyu laya-luyu
Kelayu-layu kemutan wong ayu
Ati kangen kepengin ketemu
Pringas-pringis kemutan sing ireng manis

Dipacul kena lemahe
Disusul adoh umahe

Rep ora asrep pikiran usrek
Teng ora peteng lamun liyap-liyep
Sedela bae ora ngliyep

Suweng ireng digadhekena
Wis kadung seneng diapakena

Ileng-ileng langit peteng
Ati umyeng ndas gemleyeng
Mripat ndeleng thilang-thileng
Polah tingkah tengang-tengeng

Tepes teles kudanen sore
Awak lemes kedanan kowe

Nganah-ngeneh rongah-rongeh
Gering aking kemutan batin
Emoh ginggang karo putri pilihan ati
Mesthi kemutan awan bengi
05112004
Wanto Tirta SMA/ Sederajat
NRAWANG

Njagong risban bale umah
Medang kopi lawuh mendhoan
Bungah ati maring illahi
Urip kuwe mung ngabekti

Nrawang

Ndeleng endahing bumi
Lemah subur tanduran padha semi
Rejeki mbanyu mili
Bocah ngaji padha nuli
Lanang wadhon padha guyub rukun nyawiji
Angon bebek angon meri mlaku ndilir pinggir gili
Wong nyambut gawe macul sawah ditandhuri pari
Dampyak-dampyak edi pani
Latar umah lenang-lening
Palawija neng pekarangan diopeni
Sugih banda sugih rejeki
Nyenengi ati

Neng desa gotong royong esih krasa
Guyub rukun kanggo mangun Negara

Gethok tular informasi
Sambung rasa ular-ular sadesa
Sambung tresna sapadha-padha

Jan !

07072004